
Bojo Wedokan, Ngamplengan, Tutupen ae Kutangmu Ning

Ning Miti, jeneng samaran, 35 tahun, mbrabak raine. Gak let suwe nangis. Kelara-lara kulit raine. Kelara-lara atine.
Lha yok opo gak kelara-lara, Nasrullah, 37 tahun, bojoe dewe, duwe gaya ngamplengan. Gek nek ngampleng mesti pas rai. Plak plek plak plek sak penak udele. Memange rai iku koyok martabak, ngono ta!
Bosen dikamplengi, Ning Miti laporan pulisi. Pulisine tanggap, Nasrullah diparani nang omah, trus tangane ditaleni, trus digeret nang kantor pulisi. Nasrullah kon njawab, kon tanggung jawab ambek KDRT sing dipraktekne.
Ning Miti, warga Desa Sumberagung, Kecamatan Gandusari, Kabupaten Blitar, crita ambek nangis pas BAP pulisi. Gak kuat nahan larane ati.
Baca Juga :
Dibatalno KUA, Lanange Sik Bocah Rabi Sutami Sing Wis Simbah

Jare Ning Miti nang BAP, Nasrullah, yo bojoe iku, akhir-akhir iki senengane main kampleng. Mergane dekne ngonangi dewe nek bojoe duwe wedokan. Bojoe gendakaan karo wong wedok liya.
Sak isok-isoke Miti wis ngelengno. Ojok gendakan. Ngisin-isini nek konangan tonggo. Opo maneh nek konangan anak. Nanging Nasrullah dielingno malah mberik. Malah ngamuk. Ujung-ujunge mak pleng, dekne sing dikampleng.
Mergo tahu dikampleng iku, Miti akhire tutup kotang. Wegah mbukak kotang. Nasrullah gendakane yo tambah edan. Rumongso sik dadi bojoe, Miti ngelengno maneh. Plengggg, Miti dikampleng maneh.
Wooo bojo nggatheli gak ngerti aturan. Dielengno malah kalap. Miti mblayu nang Polres Blitar, laporan. Gak kesuwen, pulisi nyengklak prah oto. Dicekel Nasrullah.
Sodik Effendi, Kasat Reskrim Polres Blitar, awan mau, mbenerno onok kasus KDRT sing korbane Miti. Miti yo pasrah mbarek pulisi soal nasibe bojoe.
Nasrullah, jare Pak Kasat, ditemplek nang UU 23 tahun 2014 soal PKDRT. Ukumane, ancamane, 5 tahun penjara, ambek denda paling pol 15 juta rupiah. (*)
Penulis : Widi Kamidi
Berita terkait:
Pembunuh Pemilik Toko di Blitar Ternyata Tetangga Sendiri
Jawa TimurPelaku ternyata tetangga korban.
Kapolres Blitar Kota Lucuti Senpi Milik 16 Anggotanya
Jawa TimurBelasan anggota Polres Blitar Kota itu tidak lolos uji psikologi.
Pemilk Toko Pertanian di Blitar Tewas, Polisi Selidiki CCTV
Jawa TimurBisri Efendi ditemukan meninggal di tokonya.
Topik Lainnya
Temukan topik menarik lainnya.