Nginep Nang Hotel Pas Listrik Mati, Iki Guyonane
Cak Lupus, Cak Eko, karo Cak Marno, pas lunga nang Jakarta. Wong telu mau kebeneran nginep nang Hotel JW Marriot. Kamare wong telu iku ana nang tingkat 45. Mulai awan sampek bengi wong telu iku mlaku-mlaku nang mal terkenal nok ibu kota. Lha, pas balik nang hotel, sampek lobi ndadak listrike mati!
Lift-e ya mati, dadi wong telu maeng kudu liwat tangga cek sampek kamare. Lha, cekne gak krasa munggah sampek tingkat 45, wong telu mau bagi-bagi tugas. Mulai tingkat 1 sampek tingkat 15, Cak Lupus kudu cerita sing lucu-lucu. Terus tingkat 16 sampek tingkat 30, Cak Eko kudu cerita sing medeni. Lha, pas tingkat 31 sampek tingkat 45, Cak Marno kudu cerita sing sedih-sedih.
Wong telu iku mulai munggah. Cak Lupus mulai cerita sing lucu-lucu. Mesti ae wong telu kabeh padha ngguyu, cekne gak kerasa nek wis tekan tingkat 15.
Terus Cak Eko nerusna cerita sing medeni. Mesti ae wong telu maeng akhirnya kagowo suasana tegang. Gak ngertine, wong telu maeng wis sampek tingkat 30. Gak perduli sikile kerasa pegel kabeh.
Mergo seneng, wong telu iku wis cedhek kamare. Giliran Cak Marno kudu nerusno bagian ceritane.
Cak Lupus (ekspresi prejengane ketok sedih): "Sakjane kait maeng aku kate cerita, tapi wedi nek nggarai jengkel."
Cak Eko: "Cerita ae, Cak. Cepet, wis meh sampek tingkat 40 iki..."
Cak Marno : "Ngene lho... Kunci kamare ketinggalan nok mobil!"
Cak Eko : "Waahh Cak Marno, kenek apa sampean gak cerita kait mau?"
Cak Marno : "Lha aku durung entuk giliran cerita...!!!"
Ha....
Advertisement